Keluarga

Pranatacara Mantenan Bahasa Jawa untuk Walimatul Urs

Bismillahirrahmanirrahim, assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

الحمد لله … أحل النكاح ، وحرم السفاح .
والصلاة والسلام على خير من تزوج وعدل بين النساء ، وأوصى بهن خيرا .
أما بعد:
* فإن الزواج آية من آيات الله: (وَمِنْ ءَايَٰتِهِۦٓ أَنْ خَلَقَ لَكُم مِّنْ أَنفُسِكُمْ أَزْوَٰجًا لِّتَسْكُنُوٓاْ إِلَيْهَا وَجَعَلَ بَيْنَكُم مَّوَدَّةً وَرَحْمَةً ۚ إِنَّ فِى ذَٰلِكَ لَءَايَٰتٍۢ لِّقَوْمٍۢ يَتَفَكَّرُونَ)

Ingkang tuhu kinabekten para sepuh lan pinisepuh. Dhumateng para alim, ustaz lan ustazah ingkang tansah kulo ta’dzimi. Penganten sarimbit, inggih punika Mas Agung Purnomo bin Sutarman lan mba Marwah Ainun Hasanah binti Mukimin, saha pengombyong ingkang kawula hormati. Sedoyo tamu undangan, para pilenggah ingkang kinurmatan.

Langkung rumiyin kita tansah muji syukur dhumateng Alloh ﷻ ingkang sampun maringi mapinten-pinten kenikmatan, satemah wonten siang punika kita saget makempal wonten adicara walimatul ‘urs ingkang mugi-mugi ndadosaken berkah dumateng kita sedoyo umumipun, ugi ndadosaken berkah dumateng penganten kekaleh khususipun.

Selawat lan salam kita aturaken dhumateng bendara kanjeng Nabi Muhammad ﷺ ingkang kita ajeng-ajeng syafa’atipun wonten yaumul qiyamah mbenjang.

Para rawuh ingkang pinundi, mboten ateges cumantaka, kawula ngadek wonten ing ngarso panjenengan sami, anamung piniji minangka pambiwara lampahing adicara pasamuham walimatul urs Mbak Marwah Ainun Hasanah binti Mukimin kalian Mas Agung Purnomo bin Sutarman.

Teng mriki kawula bade ndereakaen runtuting adicara ingkang sampun karonce kanti sampurna dening keluarga, inggih punika:

Titilaksono ingkang sepisan inggih punika Pambuka

Adicara urut angka kalih, atur pasrah penganten kakung

Lajeng adicara angka tiga, atur penampining penganten kakung ngiras pantes atur pambagya wilujeng

Paripurna ning acara atur pasrah panampi, kalajêngakên adicara panggihing pinanganten. (Dhumatêng ibu juru rias, kasuwun mratitisaken)

Sungkem

Adicara ingkang pungkasan, penutup

Pramilo ngengeti wekdal ingkang sakwetawis sonten, monggo kita bikak sareng-sareng kanti waosan Ummul Kitab, al-Faatihah…!

Maturnuwun awit waosan Al-Fatihah ipun, mugi-mugi Allah paring gampil ing urusan kita, nyekapi kabetahan kita, ugi nyuksesaken tujuan kita, dados lancaripun adicara siang punika.

BACA JUGA:  Jarang Bertemu Niscaya Menambah Rasa Cinta

Adicara ingkang angka kalih inggih punika atur pasrah penganten kakung. Dhumateng sulih salira saking keluarga Ibu Sutiyem, kasumanggakaken.

ATUR PENGANTEN KAKUNG

Dhumateng panjenenganipun kawula aturaken agunging panuwun.

Para pilenggah kakung sumawana putri, adicara selajengipun inggih punika atur penampining penganten kakung, ngiras pantes pambagyaharja saking sohibul hajat utawi ingkang amengku gati. Pramila dhumateng panjenenganipun Bapa Cipta Bayan pinangka sulih salira saking sohibul hajat, kaapit panjanenganipun Bapa Sumarno kaliyan Bapa Muhadi, wekdal saha papan kasumanggakaken.

ATUR PANAMPI PENGANTEN KAKUNG

Nuwun, nuwun, matur nuwun kawula aturaken.

Paripurnaning pasrah penampining putra temanten, dumugi saatipun adicara ingkang salajengipun inggih punika panggihing pinanganten kekalih. Pramila dhumatêng ibu juru rias, kasuwun mratitisaken.

Adicara salajengipun inggih menika sungkeman. Sak paripurnaning sungkeman, kalajêngakên foto sêsarêngan pinangantèn kekalih.

Pramila sinambi ngrantu kaleksananing foto sêsarêngan, acara salajengipun inggih punika istirahat.

Pramila pinangka corongipun sohibul bait, para rawuh kaaturaken sekeco anggenipun lenggah, sinambi para kadang muda punggawa ngaturi pasugatan dhumatêng para tamu lan ngaturaken sugeng angerahapi kanti sekeca lan saestu.

ISTIRAHAT

Para rawuh ingkang tansah minulya, mboten ateges kawula nggempil kamardikan panjenengan kanti tatas tetes lan titis, wekdal istirahat kacepak semanten.

Candak adicara salajengipun inggih punika penutup. Ananging saderengipun kita tutup, dhumateng pinanganten sarimbit kawula suwun jengkar saking sasana kalenggahan tumuju sak ngajenge sasana pahargyan, sakperlu nguntapakên kunduripun para rawuh sedaya.

Mekaten runtuting adicara ingkang sampun kalampah, mangga sareng-sareng kita tutup pahargyan wonten siang punika kanthi ngangkat asta kita, nyenyuwun marang Allah subhanahu wa ta’ala:

بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ. اَلْحَمْدُ ِللهِ رَبِّ اْلعَا لَمِيْنَ. اَللهم صَلِّ عَلىٰ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلىٰ آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ. بَارَكَ اللهُ لَكَ وَبَارَكَ عَلَيْكَ وَجَمَعَ بَيْنَكُمَا فِي الْخَيْرِ، اللهم بِفَضْلِكَ عُمَّنَا، وَبِلُطْفِكَ حُفَّنَا وَاجْعَلْ هٰذَا اْلعَقْدَ عَقْدًا مُبَارَكًا مَعْصُوْمًا، وَأَلِّفْ بَيْنَهُمَا أُلْفَةً وَقَرَارًا دَائِمًا، وَلَا تَجْعَلْ بَيْنَهُمَا فُرْقَةً وَفِرَارًا وَخُصُوْمًا وَاكْفِهِمَا مُؤْنَةَ الدُّنْيَا وَاْلآخِرَةِ.

Artinya: “Dengan menyebut nama Allah Yang Maha Pengasih lagi Maha Penyayang. Segala puji bagi Allah, Tuhan semesta alam. Ya Allah limpahkanlah rahmat ta’dhim atas junjungan kami, yaitu Nabi Muhammad dan juga keluarga junjungan kami, yaitu Nabi Muhammad. Semoga Allah memberi berkah kepadamu dan keberkahan atas pernikahan kamu, serta mengumpulkan kalian berdua dalam kebaikan.

BACA JUGA:  Hukum Tukar Cincin ketika Lamaran Nikah dalam Perspektif Ajaran Islam

Ya Allah limpahkanlah anugrah-Mu kepada kami, kelilingilah kami dengan kasih sayaang-Mu, jadikanlah akad ini akad yang berkah lagi terpelihara. Jinakkanlah antara keduanya secara tetap dan kekal, jangan jadikan antara keduanya perpisahan, lari dan pertengkaran, dan cukupilah keduanya kebutuhan dunia dan akhirat.”

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ اَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ اَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتّقِيْنَ اِمَامًا

Artinya: “Ya Tuhan kami, anugrahkanlah kepada kami istri-istri kami dan keturunan kami sebagai penyenang hati (kami), dan jadikanlah kami prmimpin bagi orang-orang yang bertaqwa.”

رَبَّنَا اَتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلاَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّاِر. وَصَلىَّ اللهُ عَلىٰ سَـيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلىٰ اٰلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ … اَلْفَاتِحَهْ

Artinya: “Tuhan kami berilah kami kebaikan di dunia dan kebaikan di akhirat serta jauhkanlah kami dari siksa neraka. Semoga rahmat ta’dhim Allah selalu dilimpah-kan kepada junjungan kita Nabi Muhammad dan kepada keluarganya serta para sahabatnya dan semoga Allah memberi keselamatan. Al-Fatihah…”

Dungkap paripurnanipun adicara, monggo dipun tutup acara punika kanthi maos hamdalah sesarengah. Alhamdulillahirabbil ‘alamin.

Menawi sadangunipun kula ngadhek wonten ing ngarsa panjenengan sami nglantaraken reroncening adicara pawiwahan punika, wiwit dumugi pungkasan, kathah babagan ingkang kirang trap sila saha subasita tumraping laku saha pacelatu, kula nyuwun agunging pangaksami. Cekap semanten atur kula.

Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh

Irfan Nugroho

Guru TPA di masjid kampung. Mengajar di Pondok Pesantren Tahfizhul Quran At-Taqwa Nguter Sukoharjo. Penerjemah profesional dokumen legal atau perusahaan untuk pasangan bahasa Inggris - Indonesia dan penerjemah amatir bahasa Arab - Indonesia. Alumni Universitas Sebelas Maret Surakarta (UNS) tahun 2008 dan 2013.

Tema Terkait

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

Back to top button